azlyrics.biz
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

dedy pitak – kenangan gerak serayu lyrics

Loading...

wolung tahun lawase… aku ora ketemu
duh wong ayu pepujane atiku…
seprana + seprene ora nana kabarmu

pepisahan sing ora tek karepna…
gawe gela… kowe gawe lara…

padange wulan ndadari ngemutna
nalika bareng sliramu…
tek rangkul tek gegem tangamu
mlaku + mlaku nang pinggir gerak serayu…

aku ora ngerti lungamu…
nang ngendi… siki sangkan paranmu…
nangis nang njero bathinku
aku kangen… kangen karo sliramu
umpamane jejodohan karo wong liya
tek dongankna uripmu wis mulya

siji penjalukku aja klalen gerak serayu
nalikane ngucap janji setyamu
gusti kang maha kuasa moga maringi sembada
maring wong sing tek tresnani… tekan siki
kembang tresna esih megar… esih w+ngi…

rila atiku rila senajan bathinku lara
kabeh dadi kenangan kanggo impenan
tek enteni nang kene nganti kapan tekamu
gemrujug banyu bendungan dadi seksine



Random Lyrics

HOT LYRICS

Loading...