azlyrics.biz
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

niken salindry – yayi lyrics

Loading...

langit biru ngrenggani esem guyumu
kembang sata mekar dadi sumping ing talingan
liriking netramu sasat ngruntuhke jantungku
yayi amung ndika kang kadulu

rum sumerbak citranira maweh branta
alus tur prasaja mapan ing lerenging arga
sumbing lan sindoro dadi saksi ngucap janji
yayi sliramu tak anti anti

duh sang bayu tulungana
nganti nglindur nggonku nendra
ati bingung durung tepung rasa binanjuting wuyung

ngendi paran nggonku crita
dununge si kembang beksa
pengenku gegandeng asta lelangen jagad asmara

lintang lintang lan rembulan hanyekseni
yayi tresnaku tumekeng pati

sumbing lan sindoro dadio saksi ngucap janji

rum sumerbak citranira maweh branta
alus tur prasaja mapan ing lerenging arga
sumbing lan sindoro dadi saksi ngucap janji
yayi sliramu tak anti anti

duh sang bayu tulungana, nganti nglindur nggonku nendra
ati bingung durung tepung rasa binanjuting wuyung
ngendi paran nggonku crita, dununge si kembang beksa
pengenku gegandeng asta lelangen jagad asmara

lintang lintang lan rembulan hanyekseni
yayi tresnaku tumekeng pati
lintang lintang lan rembulan hanyekseni
yayi tresnaku tumekeng pati



Random Lyrics

HOT LYRICS

Loading...